Jumat, 22 Juli 2011

CATHETAN NGANCIK TAHUN

Hardho Sayoko.Spb
- Layange Lazuardi Adi Sage lan Adek Alwi

Apa angele mindhah khabar saka lambe neng larikan tulisan 
pira suwene ngrata gunung lan ngremet mriyem dadi silhuet neng dlancang
maca geguritan karo mendem wus dudu jamane nek kepingin mbaleni 
merga sing biyen kerep ngrangkul gendul sak iki wis angok pangangene
sak wise kebanda nikmate dzikir karo ngubengake rentengan tasbeh 


Aja nyuntak mangsi sing katutan getih lan butheke luh
saka telenge panalangsa duweke sing kipa-kipa bakal ngundhuh wirang
sak wise dom sumurupe banyu ninggal teyeng neng jero bothekan
lan ketok wagu saben jajal malang kerik neng ara-ara karo kayang

Apa isih ana petunge suwarane ati karo kobare kekarepan
wong pamer kertu karo dhehem wis kena dipesthekake bisa jelma dadi barongan 
mula angur milih adus kringet lan nandur impen neng langit sing dadi penggaotan 
tinimbang nunggang jaran sembrani ning mung klaopan karo ancang-ancang 
mlothot udun neng uteke sing bar nyundhul rembulan neng awang-awang 

Kedunggalar, 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar