Jumat, 22 Juli 2011

DHEK BIYEN LAN SAK IKI

Hardho Sayoko,Spb


Biyen suwargi simbok kerep ngendika karo ngondhok-ondhok 
besuk nek wus diwasa putrane digadhang-gadhang dadi wong pengpengan
ora mung trima dadi kacung sing mung bisa matur sendika nadyan dipulasara
sing nek dadi pegawe ya pegawe tenanan sing tansah ngudi amprih dadi pimpinan
sing nek dadi tani ya tani sing tenan ora mung trima dari buruh rendhengan 
sing nek dadi bakul ya sing dadi juragan ora mung tawa barang nyithengan 
ora pareng dadi punggawa ngrangkep dadi durjana sing seneng ciu karo zina
sing ngapurancang dijaluki besel karo jegang dupeh idune isih payu didol larang 

Aku kentekan penggadhang bareng anakku sak iki njaluk dikudang 
liyane nggurit sing digambar simbok neng langit kabeh ora ana sing numusi 
nadyan drajate jare luwih dhuwur timbang malaekat nyatane ora duwe pangkat
kanggo sangu apus-apus ben uripe ora kebenthus kaya sing angon wedhus
nanging senadyan ta kaya apa nganti jaran sarungan aku moh ngomongi;
Nadyan ora milih dadi maling nanging nek dadi maling ya maling sing julig tenan 
dudu sing trima nayap memehan sing nek kecekel dienggo pangewan-ewan
sing luwih sengsara matine dibandhing karo sing garong triyulnan

Kedunggalar, 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar