Hardho Sayoko.Spb
Tak titik sabda kang atusan tahun nate kinucap
saka tutuke leluhur sing jarene primbon pandome jagat
nanging sing tak temu kabeh ngaku wis ngliwati makrifat
ora ana sing bares menawa sejatine wawang tirakat
Menawa idune diyu wis dianggep kalal dening santri
gunane apa Dewi Sukesi nyuwun diwejang Sastra Jendra?
manawa sing yasa keris uga wis wegah nyurasa unine kitab
merga sing ngaku Ratu Adil ya ora nate nampik berkat
Tak tlisik ewone perlambang kang kececer neng kene
nanging sing tak temokake dongeng kebak mu’jijat
gek engko aku dhewe sing manut wisike para jamhur
Sang Heru Cokro sing biyen durung diruwat?
merga durung dunung carane nganam kupat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar