Hardho Sayoko.Spb
Puluhana mbok tangisi sedina kaping sewu
wani totohan karo ngethapel wit randhu
; Luwak sing wis kadhung nguntal piyike manuk dara
ora bakal thumak-thumuk jaluk pangapura
nadyan babone mbok cengkiwing karo ngundamana
Ngono-ngono luputmu dhewe pak cilik
ditawani tela rambat mbok tulak karo nyenthe-nyenthe
milih godhong senthe kanggo lalap mangan pecel lele
sakwise bojomu kegiwang esem lan brengose
Puluhana mbok getuni nganti sirah krasa ngelu
wani totohan karo nyuthiki slilit neng untu
; Sing tenguk-tenguk ora bakal nguncali gethuk
merga sing ditemu dikira kumleyang saka jero tumbu
Kedunggalar, 7 April 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar