Hardho Sayoko.Spb
Sak wise ngrasakake pedhese lombok lan sengake cukak neng telak
sampeyan lagi ngerti nek kendhurene wis rampung lan berkate wis dadi telek
kang mangka dhangkele jenu kang dikum ilere tawon endhas paribasane
luwih mirasa tinimbang sisane madu sing mbok amuti neng pucuk alu
nanging kabeh ora nggugu nek sing kekablak jane ora mung butuh banyu
malah biyen padha maido saben diomongi mung keblithuk tangise luwak

Sak wise ngrasakake asine uyah lan aruse gandane marus neng layah
sampeyan lagi ngerti nek jagongane bubar lan wis ora ana dhampar
lagi paham nek sing biyen tharik-tharik dijejer tibane mung kanggo pamer
mula titenana karo nguntapke keplase angin sing kemrasak neng bambrongan
senadyan kesrimpet pange rawe nganti badane bedhes ya tetep ora digape
karo sing mbok titipi legine pangarep sing tibane mung ngajak ngere
Kedunggalar, 30 April 2008sampeyan lagi ngerti nek jagongane bubar lan wis ora ana dhampar
lagi paham nek sing biyen tharik-tharik dijejer tibane mung kanggo pamer
mula titenana karo nguntapke keplase angin sing kemrasak neng bambrongan
senadyan kesrimpet pange rawe nganti badane bedhes ya tetep ora digape
karo sing mbok titipi legine pangarep sing tibane mung ngajak ngere
Tidak ada komentar:
Posting Komentar