Jumat, 22 Juli 2011

RIKALA ANGIN SURUP TUMIYUP

Hardho Sayoko.Spb




Dak suntak kangen lan panggresah
marang gumuk gundhul lan tegalan cengkar
muga-muga dadi udan sing manut mangsa
murakabi karo sing adus kringet saben dina
ora ngundang banjir sing ngesolke tresna
manggang panandhang neng njero dhadha 


Embuh wis pirang tahun sliramu ngantu
pinenthang sepi kang tanpa teba
nunggoni pengarep sing meh muspra
kaya mbujung layangan kesendhal mega

Dina dina lumayu nguber wektu
nyebar wiji kasepen sing katutan mawa
Dhiajeng, apa sing isih pantes dak kirimake
menawa liyane larikan gurit wis ora duwe 
rikala angin surup ngelus rambut sing diore 
lan cursor neng laptop wis ora ana kedhepe 

Kedunggalar, 13/15 Mei 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar