Hardho Sayoko.Spb
Ijone alas ketel lan asrine gunung sarta cerunge jurang
aja mbok pulas karo turu sak wise nyawang saka kadohan
dupeh dhek jaman biyen nate melu gladhen neng pendhapa
banjur rumangsa duwe lar pengkuh kanggo ngambah jumantara
engga nglalekake jejere satria kang biyen nate prasetya
merga ngira ngowahi jagad kaya gampange malik tlapakan asta
sak wise entek amek nyacad krenahe sedulur sing dianggep slenca
Aja kepincut endahe wulu merak kang lagi ngigel
merga kekejere manuk emprit ora bisa mblancang abure garudha
mula sedulurku aja nggege mangsa dupeh wis rumangsa bisa
sak wise nemu lulang macan karo tracake kidang kencana
lali menawa sak kabehe kabisan sejatine ampilan saka Kana
Birune langit lan semliwere mendhung sing didamu angin ketiga
aja mbok biji karo jiret coro neng pucuk bambrongan pring ori
dupeh dek jaman bocah nate dolanan gobak sodor neng ara-ara
engga ngira bisa menek langit saben dhundhung kluwunge teka
sapa wae oleh ngaku putune Ki Ageng Sela saben udane tumiba
ning nek mung nganggo godhong gedhang sak papah
apa ya ana sing ngandel nek bisa ngelih lintang sak durune rahina
Kedunggalar, Tuban, Gresik, Lamongan 2006/2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar