Jumat, 22 Juli 2011

PLATARAN JERO GREJA SANTO YOSEF KEDIRI

Hardho Sayoko

- cathethane suwargi Romo Antonius Yohanes  de Britto, CM

Sak durunge ngesok kangen saka dhadha
nyawang asrine taman pinaes kembang maneka warna
reca neng jero guwa ketok kaya ngejrah hanacaraka
memuji karo ngobahake rentengan rosario
rikala angin esuk ngelus-elus godhong cemara


Nadyan enere panudinge driji ora padha
merga pilihan saka garbane biyung wis beda
aku melu ngrasakake krenteke panembah
ngadhemake polahe ati lan nentremake ubenge donya

Saben leren neng kene
sak wise ngesok kangen saka dhadha
lamat-lamat keprungu dumelinge swara
ngajak ngedohi saka kehe laku cidra
ngajak guyup lan rukun tumuju ngudi raharja
kadangku saka kene kejibah martakake sabda

Agustus 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar