Hardho Sayoko
Menawa entut lan lan endhut sing nyangga gunung
kabeh gusis sak wise malih dadi banjir sing ngelepi ara-ara
mbok menawa mbesuk sing nate padha jegrek neng kene
bakal amblong kaya genthong sing amba tanpa teba
Sak wise sing nate dijangka maujud neng alam nyata
sing paling kepenak golek amping-amping dodote Durna
merga nek wis padha lali bisa melu nglebetake gendera
wong sing cengoh karo sing julig olehe mbiji ya nganggo angka
sing ngagak-agaki karo sing kaweden padha doyan nguyup lenga
Sidoarjo, Juli 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar