Jumat, 22 Juli 2011

SAK DAWANE DALAN MADIUN - KEDUNGGALAR

Hardho Sayoko
Tak sebar wiji impen sak dawane ratan aspalan iki
saben bali saka milang kori lan njajah kutha engga jaba tanah Jawa
ngundha pengangen ora perduli diburu udan lan kepanggang bagaskara 
belani katresnane sedulur sing prenthule ati kerep sulaya 
saben ditawani sesanggeman sak wise kepenak nganggo makutha 
pawadan kepepet wektu utawa abote penggaweyan saben dina 

Aku ora bosen ndhedher impen lan pengangen sing prungges 
nadyan aku ora pati ngandel nek mbesuk bakal thukul ngrembaka 
wong sing methik emoh kelangan kringet merga rumangsa wis dadi dewa 
mung betheke nuruti kobare karep sing rumangsa kejibah dadi nayaga 
nganti lali nek anak bojo neng omah ya butuh mangan sing rada mingsra 
liyane jangan lodheh lan ngetngetan bothok tempe sing wis disatru rasa

Kedunggalar, 7 Juni 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar