Hardho Sayoko
Kagem Mas Palal Setiyadi guru kanuraganku kang wus suwarga
Wiji kang panjengan dhedher neng kene rikala semana
wus blader disebar sedulur kang padha mangkat lunga
dene sing keri thukule malah ora pakra
sawise aku kelu ninggal setren sing saya bera
Apa merga sing nerusake dhangir baka sithik ninggal trapsila
liyane mapag manten ora keduga ngangsu kawruh utama
engko gek malah aku dhewe sing marahi kabeh padha dheksura
merga rikala tak tinggal oncat tanpa ninggali kaca brenggala
engga sing durung wancine nganam swiwi lan mentas gladhen
wus rumangsa bisa playon neng dhuwur mega
karo wotak watuk tawa japa carane nyekel cucakrawa
Kedunggalar, 18 Agustus 2003
Tidak ada komentar:
Posting Komentar