Hardho Sayoko
Saben mangsa rendheng uluk salam
kutuk lan lele padha pating sliwer
neng ngisor lumahe banyu kang santer
kanggo jethungan urang lan wader
dadi paseksen sing tumuju neng sungapan
Menawa mangsa ketigane teka
gumantung ngawe-ngawe tanpa daya
ginubel sak dhengah sangkrah
kalamangga ngrajut sawang
Ora gumantung rendheng lan ketiga
tetep joged senadyan beda irama
rikala angin ngrontokake gegodhongan
rikala butheke banyu ngentirake unthuk sepa
awan lan wengi nyongket panggresah
Kedunggalar, 4/9 Agustus 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar