Jumat, 22 Juli 2011

CATHETAN SAKA DANGKA

Hardho Sayoko
- Kanggo Wijang JR lan Sucipto HP

Gendera sing kumlebet neng angkasa
dikerek merga warisane leluhur wus meh kari crita
supaya tetep ngrembaka nganti jagate rengka
supaya nuladhani anak putu sing guneme saya ora cetha 
tak perlokake nyawang tanpa merdulekake ringkihe raga 
sak wise nampa dlancang rong suwek saka kanca

Sanadyan mung sak obahe tlapukan mripat
mramonge ati wus adhem siniram endahe esem 
sanadyan mung sak usapan anggone salaman
wis mulas sewu cathetan sing durung dadi kandha

Tak sok kangenku neng lebune lemah cengkar
pinanggang sumelete srengenge mangsa ketiga
sak wise mbaka sak tlumik megeng ambegan
ngliwati ratan aspal sing pinageran wit cemara
abote kebranange rasa kangen marang sedulur 
sing ngrajut sulur kapang neng jero dhadha

Dangka, Trenggalek 4 Agustus 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar