Jumat, 22 Juli 2011

NENG PERON STASIUN KEDUNGGALAR

Hardho Sayoko



Ngendikamu dina sing lumayu ora bakal bali neng kene
apa maneh nggathukke crita sing gosong dipanggang srengenge
nanging kena apa ijone gegodhongan lan ocehe manuk greja 
tansah ngelingake endahe esemmu sing katutan tlutuhe senthe
sak wise sisane impen saya kandel diuruk sepi lan panyaruwe 

9 Mei 2008

Tidak ada komentar:

Posting Komentar