Hardho Sayoko
( pasar wus ora brengengeng merga kabeh kali wis kelangan kedhunge
sato galak jelma menungsa sak wise alas jati entek didhongkeli tunggake )
Senadyan wiwit biyen kabupaten Ngawi gudhange para pinunjul
ora mung dienggoni tukang blandhong lan sedulur sing dolanan doran pacul
utawa paraga sing bisane glelang gleleng adol bagus kaya wayang thengul
nanging aku milih gurit para pujangga sing nate pidalem neng kene
merga nek kliru nyandra sanak sing durung pati kenal mesthi serik atine
wis dudu wadi nek krasa kewada ana sing brabak abang lan nyenthe-nyenthe
jare apa isih kurang olehe sanja kok panu neng geger tegel dibyuki rawe
mula becik nyathet sing kerep dadi kembang lambe para sutresna seni sastra
merga liyane wasis ngrakit lungite basa lan ukara rinengga
tetilarane dipepetri anak putu nadyan cungkupe ana sing wis musna
nanging asmane tetep misuwur engga sak jabane laladan Nuswantara
lan sing isih ngangsu kawruh padha tumemen jingglengi reriptane
senadyan baka sithik lali nek wis padha rampung saka pasinaone
lan thingak thinguk saben ditakoni anak putu kepriye kiprahe
engga ginanjar arume asma dening Gusti Allah kang ora nate sare
Senadyan wiwit kuna makuna tlatah Ngawi kajuluk kajalandara
panggonane para paraga kang paribasane kiprahe bisa nggorekake mega
nanging merga kurang sesurupan bocah sak iki akeh sing padha ora njawa
menawa suwargi Umar Khayam, Poerwadi Atmodihardjo lan Alwan Tafsiri
utawa Anas Yusuf, Aming Aminoedhin lan Daniel Tito sing neng liya kutha
sarta suwargi Muhammad Hariyadi, sejatine nate pidalem neng kene
nanging nek ngaku bocah Ngawi jelas ngguyokake lan mirangake batihe
menawa ora tepung Kusprihyanto Namma lan Tjahjono sak kembarane
apa maneh MH Iskan genah jan kebangeten merga meh ketemu saben dina
sing kridhane neng jagat kesenian gawe arume bangsa lan negarane
durung Rustamadji D Pengalasan lan Isngadi Marwah Atmaja
sing isih setia gurit lan ngrakit crita nadyan gantine mangsi ora mingsra
apa merga wawang ndeleng uripe sing isih tetep ngrekasa nganti tuwa
menawa ora duwe penggawean maton kanggo ngopeni keluwarga
mula wijine sastrawan Ngawi dina iki meh durung kewaca kapan tumangkar
buktine senadyan wis gladhen neng ponsel saben kangen karo sing digantha
nanging tetep gemang gawe puisi lan geguritan apa maneh nulis crita
wong nek dikongkon jajal ngirim neng koran wae malah klewa-klewa
mangka ora nganggo kertas lan prangko kaya jaman nomnomane simbahe
ning malah milih chating karo tepungane sing ditemokake neng internet
lan bakate diumbar prungges merga ditinggal mburu impen ngaya wara
Senadyan wiwit jaman biyen kabupaten Ngawi tansah kawentar
liyane nglairake priyagung pinunjul lan sudagar sing sugih duwit dollar
tilarane para pujanggane sing misuwur isih tetep lestari nganti sak iki
liyane disinau para sarjana uga disimpen neng gedhong pustaka negara manca
amarga ora ana sing nuduhi senadyan karyane sing mentes kerep diwaca
mula padha ora ngerti menawa sing ngripta neng tlatah Ngawi nate bebadra
sejatine isih akeh sing ora kasebut merga seda utawa suwe ora nate nyipta
merga kedhesek kebutuhan liya engga ora kober misungsungake karya
umpamane swargi Hudarin Suprapta, Benni Sugiyarto lan Riyan Atmaja
utawa Sutadi Ananta lan Heru Maladee sing biyen kerep ngripta
bocah sak iki nadyan saya amba jangkahe nanging beda gegayuhane
sak wise ngerti dadi anggota dewan kajen keringan lan mandi idune
nyawang tentara utawa pulisi sing lyane gagah blanjane gedhe
lan delok pensiunan PNS sing nampa blanja nadyan wis ora mergawe
mula nek ora maujud karo sing digadhang sak wise kemeng nganggur
ora isin makelaran merga tanpa pawitan bathine bisa tikel selawe
Kedunggalar, 30 Mei 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar