Hardho Sayoko
Nadyan kethu neng sirah ubenge sok padha
sapa sing wani nyekra larikan bolah neng penadhon?
lan jajal nyrimpung abyore lintang karo ndudul mega
wong lengkehe gumuk wae ora nate ngresula
senadyan dipulasara pedhut lan embun ketiga
kena apa kudu mbatin menawa kluruke beda?

Titenana karo malang kerik menawa ora percaya
sapa sing doyan umuk sejatine ora duwe rega
apa maneh bisa kekejer kaya manuk branjangan
wong sing nate digula wentah wiwit piyik wae
wanine wotak-watuk sak wise ngadek neng ngerep kaca
karo nyawang swiwine sing pepek kaya manuk garuda
mula ora isin umak-umik ngrapal japa mantra
Sawangen lengkehe gumuk sing ora nate ngresula
senadyan diuruk lebu kandel lan disatru angin rendheng
kena apa kudu jelu menawa padha ora nglenggana?
senadyan dienggo jigar sato lan menungsa
tetep nyawiji karo suket lan grumbul saben mangsa
nadyan aking kaya rikala budal ngenger jaman semana
Ngawi, 3 Desember 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar